Thursday 10 November 2016

Nulis Ariwarti lan Kalawarti Abasa Jawa

Micara bab tulis-tinulis ing ariwarti lan kalawarti abasa Jawa iku pancen gampang-gampang-angel. Apa maneh nulis babagan budaya Jawa kang asipat simbolik-filosofis. Gampang tumrape para priyayi kang wis padha wasis lan kompeten dadi panggaotan ing saben dinane, kayata para budayawan abasa Jawa, jurnalis utawa redaktur ariwarti-kalawarti abasa Jawa. Angel tumrape racak-racaking para Dwija kang senadjan wasis ing babagan ngilmu tartentu, ananging durung kulina nulis utawa mbabar ngilmune ing media ariwarti lan kalawarti abasa Jawa. Nulis nganggo media ariwarti lan kalawarti iku pancen mbutuhke ngilmu, perlu seneng maca, uga gelem gladen kanthi keuletan, kaprigelan, patrap kang kritis lan thitis.

Miturut katrangan ing kalawarti abasa Jawa saka Dinas Kebudayaan DIY, Sempulur edisi 1/2016, Wose pancen uga durung akeh para Dwija kang ngastha mata pelajaran Basa Jawa ing pawiyatan kersa nulis ing kalawarti abasa Jawa. Mula panulis arep nyoba melu gladhen mbabar ide lan gagasan panulis kanthi abasa Jawa lumantar media blog kanthi labels "Budaya Jawa". Amarga ing budaya Jawa iku akeh banget nilai-nilai Pendidikan Karakter utawa piwulang becik kang bisa kanggo mbentuk budi pakertining para siswa.  Ing pangajab panulis bisa tansah melu nyengkuyung regenging budaya Jawa ing Dunia Pendidikan murih Budaya Jawa bisa sansaya ngrembaka, nengsemake, uga lestari ing bumi pertiwi.

No comments:

Post a Comment

Featured post

Pengertian Rubrik

Materi Pembelajaran Bahasa Indonesia Kelas VI : Rubrik adalah kepala karangan (ruang tetap) dalam media cetak baik surat kabar maup...